July 3, 2011 at 5:13pm
Yaa Rosullulloh salamun alaik.. yaa rofi aghsya niwaddaroji..
Atfatayaji rothal’alami.. ya uhailalju diwal karomi..
Ya uhailalju diwal karomi..
Ngawiti ingsun nglaras syi’iran.. Kelawan muji maring Pengeran..
Kang paring rohmat lan kenikmatan.. Rino wengine tanpo pitungan..
Rino wengine tanpo pitungan..
Duh bolo konco prio wanito.. Ojo mung ngaji syare’at bloko..
Gur pinter ndongeng nulis lan moco.. Tembeh mburine bakal sangsoro..
Tembeh mburine bakal sangsoro..
Akeh kang apal Qur’an hadist’e.. Seneng ngafirke marang liyane..
Kafire dewe gak di gatekke.. Yen eseh kotor ati akale..
Yen eseh kotor ati akale..
Gampang kabujuk nafsu angkoro.. Ing pepaese gebyare ndunyo..
Iri lan meri sugihe tonggo.. Mulo atine peteng lan nisto..
Mulo atine peteng lan nisto..
Ayo sedulur jok nglalek ake.. Wajibe ngaji sak pranatane..
Nggo ngandelake iman tauqite.. Baguse sangu mulyo matine..
Baguse sang mulyo matine..
Kang aran sholeh bagus atine.. Kerono mapan sari ngelmune..
Laku toreqot lan ma’rifate.. Ugo haqeqot manjing rasane..
Ugo haqeqot manjing rasane..
Alqur’an qodim wahyu minulyo.. Tanpo tinulis iso diwoco..
Iku wejangan guru waskito.. Den tancepake ing njero dodo..
Den tancepake ing njero dodo..
Kumantil ati lan pikiran.. Mrasuk ing badan kabeh jeroan..
Mukjizat Rosul dadi pedoman.. Minongko dalan manji nge iman..
Minongko dalan manjinge iman..
Kelawan Alloh kang Moho suci.. Kudu rangkulan rino lan wengi..
Di tirakati di riyadlo’i.. dzikir lan suluk Jo nganti lali..
dzikir lan suluk Jo nganti lali..
Uripe ayem rumongso aman.. Dununge roso tondo yen iman..
Sabar narimo najan pas pasan.. Kabeh tinakdir saking Pengeran..
Kabeh tinakdir saking Pengeran..
Kelawan konco dulur lan tonggo.. Kang podho rukun ojo gae sio..
Iku sunahe Rosul kang mulyo.. Nabi Muhammad panutan kito..
Nabi Muhammad panutan kito..
Ayo nglakoni sekabehane.. Alloh kang bakal ngangkat drajate..
Senajan asor toto dho hire..
Ananging mulyo maqom drajate..
Ananging mulyo maqom drajate..
Lamun palastro ing pungkasane.. Ora kesasar roh, lan sukmane..
Den gadang Alloh suargo manggone.. Utuh mayite ugo ulese..
Utuh mayite ugo ulese.
No comments:
Post a Comment